Contoh Teks
Pranatacara Panggih Pengantin
Alhamdulillah, akhirnya saya
dapat mem-posting Contoh Teks Pranatacara Acara Resepsi Panggih Temanten,
dengan maksud awal memberikan pemahaman bagi “yang merasa membutuhkan”,
khususnya para pemula. Atau setidaknya saya bisa ‘ngleksanani’ tanggungjawab
saya selaku orang Jawa untuk nguru-uri kabudayan Jawa. Senang rasanya…!!
Perlu saya sampaikan, bahwa dari
sekian ribu orang yang sering ‘ngayahi’ tugas sebagai pranatacara, terdapat
berbagai kemungkinan adanya kesamaan atau perbedaan terhadap kecenderungan
penggunaan ‘dasanama’ dalam berbahasa Jawa. Sehingga sangat mungkin terjadi
contoh teks yang saya tulis ini ada kemiripan baik susunan bahasa atau yang
lainnya dengan ‘kecenderungan dan kebisaaan’ dari para pranatacara (yang
tentunya berdasarkan pengetahuan dan pemahaman atas Bahasa Jawa tercinta).
Namun mungkin juga para pembaca memiliki kecenderungan lain, sehingga susunan
kalimat dalam contoh ini kurang sesuai diterapkan dalam diri pembaca. Ini
berarti bahwa contoh yang saya tulis ini masih sangat memungkinkan untuk diubah
sesuai dengan kecenderungan dan keinginan para pembaca.
Berikut ini saya contohkan sebuah
teks yang ‘dapat’ diucapkan dan diungkapkan pranatacara. Saya umpamakan upacara
panggih yang akan dilaksanakan adalah :
1. Acara ijab qobul telah dilaksanakan beberapa waktu / hari sebelum upacara
panggih;
2. Acara diselenggarakan dengan nuansa Islami
3. Garis besar acara yang dikehendaki pemilik acara (orang tua pengantin)
adalah sebagai berikut :
·
Karena pelaksanaan ijab qobul
telah berlalu, maka mempelai langsung duduk dipelaminan dengan diawali upacara
adat ‘tebus kembar mayang’ dan ‘sungkeman’.
·
Ada pembacaan ayat suci
Al-Qur’an.
·
Ada atur pambagyaharja;
·
Ada pasrah panampi dari kedua
belah pihak;
·
Ada sabdatama
·
Hidangan tamu hanya dua jenis
yang disampaikan kepada tamu dalam dua tahap, yaitu minum dan snack, dan makan
(nasi).
·
Dalam acara panggih, terhadap
hiburan/kesenian.
Dari kehendak tuan rumah
tersebut, maka tersusunlah reroncening adicara sebagai berikut :
1. Pambuka, yang diawali dengan upacara adat secukupnya
2. Pembacaan ayat suci Al-Qur’an
3. Atur Pambagyaharja
4. Pasrah-Panampi
5. Sabdatama
6. Panutup
Juga perlu dicatat oleh para
pembaca yang kebetulah membaca posting saya ini. Saya menyadari sepenuhnya
bahwa setiap manusia memiliki sesuatu yang tidak tak terbatas, termasuk saya.
Maka apabila pembaca menemukan hal yang kurang tepat dalam posting ini, demi
pengembangan diri saya dan demi lestarinya Budaya Jawa mohon beri ‘panyaruwe’
dan arahan pada saya melalui komentar di bagian bawah posting ini.
Baik, bila para pembaca yang
(maaf) belum tetapi ingin memahami bagaimana menjadi pranatacara upacara
panggih pengantin, bisa Anda gunakan contoh teks pranatacara di bawah ini :
===========
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa,
wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu
wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa
nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam
pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi
wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya
wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg
luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring
budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana
putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara,
keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit,
rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing
pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun
Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya
suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun
Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah,
mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah
pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala
binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan
menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga
saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan
hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya
siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul
putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang
kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten
ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi
wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ………………
(KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
· Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe
kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan
Sanga, Karang ing mriki.
· Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
· Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe
kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
· Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha
panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
· Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H” mligi
kaparingaken dhateng putra penganten.
· Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing
mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha
saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah
urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila
awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh
tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa
puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan
punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara
ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya
hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih
badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana
rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi
panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning
sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling
gendhing ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.
===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata
upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar
kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana
rinengga. Suasana menika mracihnani bilih laksitaning adicara sampun
tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa,
madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing
sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe wonten
Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng
menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken.
….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang
badhe kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga sak derengipun,
kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha
ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha
pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak
dereng lan sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung
sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi
kasumanggaaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
===========
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah
kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana
prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana
adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A
sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan,
atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”.
Dhumateng Bapa “D” kula sumanggaaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian
kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa
“D”. Sumangga.
===========
Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang
lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa A
sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para
putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah.
Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang
sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk
saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana sarta
pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe
kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng Paguyuban Rebana Kembang
Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene
sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka
pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras
sinambi imbal wacana. Sumangga.
===========
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal sumene
kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun
tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe
dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging pangandika
Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha
kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa “C”
sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
===========
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka
talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E”
minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal
kasumanggakaken.
===========
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara
ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken
dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah.
Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”.
Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.
===========
Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa
“H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit. Ing
pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, sehengga
putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika
dumugi sak lami-laminipun. Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning
adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken sawetawis,
kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken
pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha
Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking
Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar
sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman.
Sumangga.
===========
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan
urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken
dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga
sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang
Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga
pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah,
kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji,
keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun
tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu
saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan
prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2
wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten
sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, lumantar
pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken
gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan
sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten
lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka
pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging
subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari
sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.