PRANATA ADICARA PENGANTEN
I.
10 DASAR PROSPEK PRANATACARA
1. Tansaya kathah priyantun sibuk,
PA (pranata adicara) tansaya laris.
2. Tansaya kepengin praktis, PA tansaya dipunbetahaken.
3. Kepengin sae saha maremakane (sukses
acara), saha boten kasupekaken, PA tansaya monjo.
4. Tansaya kathah tiyang boten mangertos adicara penganten, PA tansaya
moncer.
5. Tansaya kathah gedung pasamuan, hotel, restortan, auditorium kangge
upacara penganten (resepsi, wedding
party), MC saya PY (peye alias payu).
6. Tansaya manungsa menika “individual”,
PA tansaya kabetahaken.
7. Tangsaya kepingin pininjul ing ajining dhiri (prestise) saha sae (prestasi),
PA tansaya kemedol.
8. Kepengin nedahaken jati dhiri, PA tansaya penting.
9. Tansaya kathah pengelola paket penganten, PA tansaya begja.
10. Menawi kepengin nglestantunaken budaya Jawi mliginipun upacara mantu, PA
tansaya cetha pisungsungipun.
II. Saratipun pranatacara
a. Olah swara: logat, pocapan, napas,
tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa
b. Olah raga lan busana:
Olah
raga sapta-MA: 1. magatra : patrap wajar boten dipundamel-
damel
2.
malaksana : luwes, boten ingah-inggih
3.
mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong
4. maraga : boten
rongeh/edheg/gumeter,
mantep,
5.
malagawa : enthengan, trengginas
6.
matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)
7.
mawwat : ngentasi karya
c. Olah basa lan sastra: pilihan tembung,
purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan,
lsp.
Kajawi menika sinengkuyung pirantos
sanesipun kadosta:
a.
pengrengga
swara
Ugi
sinebat sound system. Pranata adicara kedah mangesrtos kados pundit mangun
karya kaliyan pangrengga swara. Bab tata papan, urutaning gendhing, sasmitaning
gendhing, lsp.
b.
papan
Papanipun pranata adicara kepara saged dipuntingali sedaya
para rawuh, sampun ngantos adoh sanget, ugi sampun ngantos malah ndhelik.
c.
pawiyatan
Amrih
kawegigan pranata adicara saged profesional perlu sekolah, kursus, utawi dherek
pawiyatan sanesipun. Saged ugi maos buku-buku ingkang sampun wonten ngewrat bab
pranata adicara.
d.
mental
Wonten
tiyang ingkang gadhah mental waja, mental miyur, sah amental ciyut. Amrih
mentalipun kandel kedah kathah gladhen, biasa ngadhepi tiyang kathah (forum),
siap ing materi,
e.
ketewajuhan
Ketewajuhan
inggih menika temen-temen anggenipun nindakaken pakaryan, saged rampung
ngremenaken.
f.
gladhen
Pranata
adicara tetetp terus sarta prelu gladhen utawi latihan amrih sansaya mekar
ilmunipun, landhep yen dipunginakaken, tembenipun katingal wegig, besus,
micara.
g.
kasamaptaan
Pranata
adicara kedah siap sawanci-wanci menawi dipuntimbali boten badhe nguciwani,
samapta ing raga, busana, basa, saha wicara.
III. Titilaksana ing
penganten
A. SIRAMAN
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
1.
Pasang
bleketepe & pari sawuli ing tarub
2.
Ngabekten
3.
Ngracik
toya
4.
Siraman
(tiyang sepuh & pinisepuh)
5.
Sesuci
(wudlu) dening juru paes
6.
Pecah
pamor/pecah kendhi dening juru paes
|
1.
Pasang
bleketepe & pari sawuli ing tarub
2.
Ngabekten
3.
Ngracik
toya
4.
Siraman
5.
Sesuci
6.
Pecah
pamor
7.
Pangkas
rikma
8.
Bopong/gendhong
pungkasan
9.
Tanem
rikma
10.
Pecok
tumpeng
11.
Dulang
pungkasan
12.
Sade
dawet.
13.
Nglepas
ayam
|
Cathetan:
a. Menawi wonten donga saged
kapapanaken ing badhe pasang bleketepe utawi nalika ngracik toya
a.
Menawi
siraman CPK boten dados satunggal, kedah wonten kintun toya perwita adi
sasampuning karacik
B. UPACARA NGERIK
Pranata adicara limrahipun boten
kajibah. Ingkang nindakaken upacara ngerik juru paes.
C. MIDODARENI
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
CPK sapengombyong rawuh:
1.
Pambuka
2.
Pambagyaharja
3.
Pasrah
paningset & / CPK
4.
Tampi
5.
Tantingan
6.
Cariyos
tumuruning kembar mayang (Jaka Tarub – Dewi Nawang Wulan) sinambi adicara
ngrahabi pasugatan)
7.
Tilik
nitik
8.
Busana
kancing gelung saha angsul-angsul
9.
Purna
|
CPK sapengombyong rawuh:
1.
Pasrah
paningset & / CPK
2.
Tampi
3.
CPK
diunjuki toya wening
CPK & rombongan lenggah, MC
mbuka adicara
4. Pambuka (MC)
5.
Pambagyaharja
6.
Catur
Wedha
7.
Tantingan
8.
Nggayuh
tumuruning wahyu sajodho (saged mawi paraga utawi kacariyosaken MC nalika
kembul bujana)
9.
Tilik
nitik (tuwi CPW)
10.
Busana
kancing gelung
11.
Purna
|
D. PANGGIH
Adat Ngayogyakarta
|
Adat Surakarta
|
Gendhing bindri::
1.
Atur
sanggan
Gendhing ladrang penganten:
2.
CPW miyos
dipunrumiyini kembar mayang
3.
Kempyok
kembar mayang
4.
Balangan
gantal
5.
Ranu pada
(wijikan)
6.
Pecah
antiga
Gendhing boyong pengantin/puspa warna:
7.
Pengantin
jajar lumampang gegandhengan
dhateng sasana mulya
8.
9.
Dhahar
klimah
10.
Ngunjuk
toya wening
11.
Mapag
besan
12.
Sungkeman
|
Gendhing Sekarteja/puspawarna:
1.
Pengantin
putri miyos lenggah ing sasana mulya
Gendhing Kebo giro:
2.
Manten
kakung rawuh kaliyan rombongan
Gendhing Kodhok ngorek
3.
Liru
kembar mayang
4.
Balangan
gantal
5.
Midak
antiga
6.
Ranu pada
7.
Minggah
luhuring pasangan
8.
Sindur
binayang
Penganten kekanthen asta lumampah dhateng sasana mulya gendhing
Larasmaya
9.
Bobot
timbang
10.
Wisudha
penganten
11.
Kacar-kucur
12.
Dhahar
walimahan/dulangan
13.
Ngunjuk
toya wening
14.
Mapak
besan
15.
Sungkeman
|
Cathetan:
1.
Bubak
kawah (mantu sepisan) kanthi cara ngunjuk rujak degan rujak tape,
sasampunipun ngunjuk toya wening. Menawi
ngangge tradhisi begalan
katindakaken sasampunipun sungkeman.
2. Tumplak punjen (mantu pungkasan) katindakaken
sasampunipun ngunjuk toya wening. Sasampunipun imbal wacana (putra- bapa), para
putra sungkem bapa-ibu, para putra lajeng kaparingan kampil-kampil isi
kacang-kacangan, arta receh, ugi saged cek, sertifikat, lunci mobil/griya, lsp.
Bapak – ibu lajeng nyebar udhik-udhik, para putra wayah saha tamu sami rayahan.
Bokor lajeng katumplak ing sangajenging sasana mulya.
E. PAHARGYAN ING GEDHUNG
1.
Manten
rawuh kairing gendhing, Sala: kebo giro, Yogya: bindri.
2. Manten mlebet kairing gendhing, Sala: Larasmaya,
Yogya: Ladrang penganten/Gati Padhasih/boyong temanten
3. Manten lenggah ing sasana mulya
4. MC mbuka adicara
5. Pambagyaharja
6. Donga
(menawi wonten)
7. Jawat
asta saha kembul bujana
8. Purna
Ingkang kedah
dipungatosaken ing gedhung:
- Kedah nuhoni wekdal (on time/tepat waktu). Awit menawi
mundur sekedhap kemawon, tamu sampun numpuk. Kahanan mekaten kirang nges,
acara kesesa-sesa, gedhung kebak, dhahar kirang nikmat, sumuk, hawa
benter, lsp.
- Koordinasi foto kaliyan pranata
adicara bokbilih wonten tami mirunggan (VIP :Very Important Person). Ingkang dados petugas saenipun
sampun apal tamu VIP kasebat.
- Koordinator foto menika kedah
kompak kaliyan stoper (ingkang ngendhek antrian tamu). Tamu VIP rawuh,
salaman, foto lajeng dhahar. Adatipun menawi sampun mandhap sarta dhahar
dipunaturi malih sampun kangelan (boten kersa).
- Menawi tamunipun kathah, foto
VIP saged katindakaken mangke, mesakaken tamu menawi kedah nengga foto
kamangka antrian rengket sanget (jejel riyel). Foto VIP kanthi dipunaturi
sasampunipun dhahar utawi wekdal longgar. Panci wonten kirangipun, kadhang
kala tamu sampun kelajeng kondur, utawi boten kersa. Pramila kedah on time.
- Wonten tiyang ingkang
dipunpasrahi ngreksa pundhi, sampun ngantos kabekta tamu boten kaundang
alias maling.
- Prakawis dhahar, panitiya
kaliyan catering kedah kompak.
F. TULADHA WICARA PAMBUKA
1. Nuwun, para pepundhen
ingkang satuhu kinabekten, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan,
para tamu ingkang minulya, sarta kadang kula wredha miwah mudha ingkang
sutresna.
Sumangga tansah kula
dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran ingkang Mahawelas lan
asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang
tanpa pepindhan.
Para tamu ingkang minulya,
keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun Bapak Suharmanto ngaturaken menggah
rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Titi laksana rinantam
mekaten: …………………………………
2. Nuwun,
Wonten ngarsanipun para Kyai
alim ulama ingkang tansah sumandhing mring kitab suci, hambabar ngelmi jatining
panembah. Para pepundhen ingkang dahat kinurmatan, para tamu, kadang wredha
miwah muda ingkang tuhu sutresna ing budaya.
Keparenga kula sakadang
ingkang manunggal ing paket pernikahan
Larasati wedding organiser nyuwun tambahing pangestu, awit saking mradapa
dhawuhipun Bapak Suharamanto kinen nglantaraken tumapaking gati adicara
pawiwahan ing wanci menika, arsa dhaup palakrama sang Dyah Ayu Retnawati
kaliyan Bagus Sulistya. Namung saderengipun sumangga tansah kula dherekaken
muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah swt. Ingkang sampun ngluberaken
kanugrahan, kanikamatan satemah kula miwah panjenengan saged nunggal makempal
ing sasana riki saperlu paring paseksen sarta hangestreni dhaupipun calon
pinangaten.
Menggah rantamaning adicara
pawiwahan ing wanci menika rinacik: ………
3. Nuwun, mugi
kinalisna ing sarusiku, tinebihna ing tulak sarik bendu panyendhu anggen kula
kumawani ngadeg wonten ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta paripaksa
nigas wacana munggel pangandikan para tamu ingkang nembe sekeca imbal wacana.
Sedaya wau awit saking mradapa mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu Suhardi kinen
ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.
Para pepundhen ingkang dahat
pinundhi, para pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu
kinabekten, para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna.
Sumangga tansah kula
dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkangs
ampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kebagaswarasan,
satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana riki saperlu
paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten
sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.
Menggah rantamaning titi
laksana rinacik mekaten: ……………………
4. Nuwun, kawula nuwun,
mugi karaharjan, kamulyan, kabagyan tansah tumedhak saha tumanduk, kajiwa,
kasarira mring sanggya para tamu ingkang minulya.
Wonten ngarsanipun para
pepundhen ingkang minulyeng budi, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang
kinabekten, para satriya manggalaning bangsa kusuma nagara ingkang pantes
tinulad sinudarsana, para winasis ing pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur,
sarta para tamu kinurmatan.
Sumangga kula dherekaken
tansah muji syukur ing ngarsaning Pangeran kanthi puja-puji pudyastuti. Kanthi
sih wilasanipun kula miwah panjenengan saged ing sasana riki saperlu suka
pasekesen sarta paring puji donga pangestu hangestreni dhaupipun Dyah Ayu
Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.
5. Lumintuning pudyastawa
mugya hambabar daya pangaribawa ingkang tumedhak miwah tumanduk mring para
kawula dasih kaswasih, kacihna ing ari kelenggahan menika kula miwah
panjenengan pinaringan lilah mring Gusti kang Mahamirah saged kempal manunggal
ing wismanipun Bapak Suharmanto kinen suka paseksen, hangestreni, sarta asung
puji padonga rahayu palakramanipun Dyah Ayu retnawati kaliayan Bagus Sulistya.
Para pepundhen ingkang ambeg
berbudi darma, para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dahat kinabekten, para
pamong pangembating praja ingkang minangka pandam pandom pepanutaning kawula
dasih, miwah para tamu ingkang minulya.
Kula ingkang kapiji dening
Bapak Suharmanto nun inggih ingkang hamengku gati keparenga ngaturaken menggah
rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Rantamaning
adicara pawiwahan rinacik mekaten: …………………...
G. PANUTUPING ADICARA
Sanadyan ing pungkasaning adicara kadangkala para tamu
sampun kirang kawigatosan dhumateng pranata adicara, nangingkedah kaudi amrih
tetep saenipun. Menika adamel sengsem saha tabet ingkang pungkasan. Gampilipun
saged dados cara promosi satemah
pranata adicara sansaya laris. Sampun ngantos kesupen ing pungkasaning adicara
kedah nyuwn pangapunten kalumun kithaling basa, kirang runtuting ukara, singlar
ing tata krami.
Ing
ngandhap menika tuladha wicara panutuping adicara.
TULADHA PANUTUPING ADICARA
1. Para rawuh ingkang minulya kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila
sampun dumugi pethiting titi laksana. Kula sakadang ingkang dherekaken tumapaking adicara ndhereka mangayubagya
dhumateng risang penganten, sageda gedang manggih kamulya sarta karaharjan.
Sarta ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Suharmanto, bilih kula
sakdang sampun pinitados ndherekaken lumampahing titilaksana pawiwahan Dyah Ayu
Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.
Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna
dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparengga paduka
ingkang hamengku karsa miwah para tamu paring pangsaksama. Nuwun.
2. Purwa, madya, wus
dumugi pungkasaning adicara. Kula sakadang saking Vidi Wedding organizer ingkang ndherekaken adicara ndherek
mangayubagya dhumateng risang penganten sarimbit, ssageda nggayuh gesang
ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken-kaken ninen-ninen kadya mimi
hanimtuna. Kula ugi ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken
gatining laksana pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten kalepatan, kirang pana
ing pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting
ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit saking bodho kawula,
pungkasaning atur sedhah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen
wonten lepat kawula. Nuwun.
3. Puput pepuntoning
adicara, wus dumugi paripurnaning gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken
gatining laksana, dherek mangayubagya risang penganten mugi saged nggayuh
gesang ingkang mula kebak ing kabgayan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah
mawaddah warahmah. Bokmenawi anggen kula ngracik saha mranata laksitaning
adicara wonten ingkang cicir cewet adamel kuwica, mugi bapak Suharmanto
sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken sih samodraning aksama. Sugeng
kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya,
nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.
4. Titi tamat gatining
panganggit tumapaking agti adicara pawiwahan Dyah Ayu Retnawati kalyan bagus
Sulistya. Mugi saged ndhapuk kulawarga ingkang bagya mulya, hayem tentrem,
runtang-runtung rerentengan kadya mimi hamintuna. Kula ngaturaken gunging
panuwun dhumateng kulawarga ingkang sampun midatos dhumateng kula kinen
ndherekaken tumapaking gati, kalamun wonten cicir cewet kuciwaning atur, kirang
trep mapanaken subasita miwah tata krama, mugya para rawuh kersa nguleberaken
tirtaning kawicaksanan. Pungkasaning atur jenang sela, sela kang pindha ancala,
apuranta cinandhi salama-lama. Nuwun.
Setelah membaca web ini ahkirnya saya tahu bahwa teh botol sosro kemasanya kotak
ReplyDelete