Contoh
Pranatacara Siraman
PRANATACARA SIRAMAN
MC atau
istilah jawa Pranatacara Dalam adat jawa sangatlah beragam, kali ini akan saya
contohkan teks pranatacara dalam upacara siraman dalam pernikahan.
Pambuka
Assalamu
Alaikum wr.wb
Mugi
pangayoman, miwah berkah Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah Maha Asih, tansah
rumentaha tumrap panjenenganipun para tamu samenika sarta ing salajengipun.
Nuwun,
panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang
satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjuaken puji sokur ing
Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lumbering berkah Dalem, kula
saha panjenengan sedaya sami kepareng lenggah ing papan menika kanthi widada,
nir ing sambekala. Inggih saged hangestreni tumapaking gati adicara siraman
calon pinanganten putri Sekar Asih, Spd, putra putrinipun bapak Suharyo
sekalian.
Doa
Langkung
rumiyin, sumangga kita tansah angunjukaken puja puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking rahmat saha hidayahipun saengga ing ari
punika kita saged pinanggih kanthi wilujeng kalising sambekala, mugiya tansah
rahayu ing salami laminipun, kalebet kula, panjenengan sedaya. Amin-amin ya
rabbal alamin.
Sagung para
rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Ngabekten
Katuran
dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata
kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun
jinamas ing warih, Ni mas Calon temanten putrid ing ngarsanipun Bapa dalah
biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring
ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putrid badhe lumebet ing
bebrayan enggal.
Sanadyano
mboten namung meniko ingkang putra sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah
biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.
Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning
wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung
kuwawa ngamaph tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing
asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang
rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilaah, miwah pangestu dhumateng
kang putra henggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna
ngabekti ing pepdanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra
calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas
pasiraman.
Ngracik Toya
Kawuryan
rising rahayu sampun lenggah ing sasana jamas pasiraman. Tumuli Bapak Ibu
Suharso ngracik toya suci perwita kang minangka sarana jamas pasiraman calon
pinanganten putri.
Ingkang
rinacik ingkang sepisan, Bapak Suharso mundhut toya saking kraton sinuntak ing
bokor, salajengipun ugi toya saking lepen tempuran. Warih saking kraton, her
saking lepen tempuran, miwah toya saking dalem riki sampun manunggal dadya
sawiji. Mugi rising ahayu samangke kasawaban saking wibawaning kraton sarta
saged manjing ajur-ajer warih ing lepen tempuran.
Ingkang
kaping kalih, Bapak Suharso nglebetaken klapa sepuh sagandheng. Mugi menika
dadya pralampita gegandhenganipun tiyang sepuh, nun inggih besan kekalih, awit
saking manunggaling putra calon pinanganten sarimbit. Wohing klapa, sangsaya
tuwa sangsaya wicaksana. Mugi kekalih besan, samya agegadhengan asta, nyawiji
paring pangestu miwah pitutur sejati mrih ingkang putra calon pinanganten saged
manggih kamulyaning gesang.
Ingkang
kaping tiga, Bapak Suharso kabyantu Ibu Suharso manunggalaken sekar sritaman
nyawiji kalian toya lan klapa, Sri ateges ratu, taman nenggih gumelaring puspa.
Sritaman ateges retuning sekar, wujude mawar, mlathi, kanthil, miwah kenanga.
Pralampita apa kang binawar saking kedaling lathi para wredha sageda tansah
kumanthil-kanthil ing wardaya, kumenang kenang ing tung-tunging nala. Amrih
arum gandanipun sekar sri taman, den sedya mrih gesangipun rising calon
penanganten saged angambar arum gandane kadya gandane sekar sri taman.
Ngintun Toya
Sampun
rinacik toya suci perwita adi dening Bapak Ibu Suharso. Salajengipun mring
karsaning kang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Sudiro kinen ngaturaken toya
suci adi perwira adi dhumateng Bapak Ibu Sudirman nenggih calon besan. Toya
suci perwita minangka sarana jamas pasiraman rising calon peninganten kakung.
Sampun mangarsa Bapak Ibu Sudiro. Makatenta pangandikanya ingkang handuta.
Sampun
bidhal ingkang dinuta, daya-daya nggenira lumaksana, parasing sedya hamung
kumudu-mudu hangentasi karya, prapta ing dalemipun Bapak Ibu Sudirman.
Siraman
Amrih
samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang
badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini
sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calaon pinanganten
putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para
pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
- Bapak Suharso
- Ibu Suharso
- Eyang Suikyem
- Ibu Marlinah
- Ibu Martini
- Ibu Ninuk
- Ibu Tri Narimastuti
Keparenga
dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas
pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putri.
- Ingkang sepisan paring jamas
pasiraman nun inggih Bapak Suharso kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa
sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira
risang ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem
sajroning kala.
- Ing kaping kalehipun, kasuwun
ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putri.
Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calaon pianganten putri.
Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning ahayu.
- Salajengipun keparenga ingkang
Eyang, nun inggih Eyang Sukiyem paring pangestu dhumateng wayah, kanthi
pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi.
Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring
puji pandonga rahayu. Kanthi pianringan toya perwita sari mugiya calon
pinanganten putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang ahayu
mring ingkang eyang dupi piaringan pamuji donga miwah siniram ing warih
suci.
- Katuran dumateng Ibu Marlinah
Mugi risang
ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe
saged kasil ing babagan pakaryan
- Katuran dumateng ibu Martini
paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putri sageta nderekaken sun
tuladanaipun ibu…..
- Keparenga ibu Ninuk mugi calon
pinanganten saged nulad mring ibu Ninuk
- Ingkang pungkasan kasuwun
dumateng ibu Tri Narimastuti paring idi pangestu dalah paring jamas
pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga
ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu
cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine
risang ahayu satemah mdhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten
benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara
palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Heri ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi
panjenengan sadaya. Amin.
SESUCI MECAH
KEDHI
Saklajengipun
Bapak Suharso paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala.
Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot
mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa,
sempulur ing sandang, bogam, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi
risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing
sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
Pangkas
Rikma
Titi laksana
salajengipun nun inggih Bapak Suharso arsa mangkas rikmane ingkang putri.
Pangkasan rikma winadhah ing mok, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang ahayu
nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma
nun inggih wiwit samenika risang ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun
kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa.
Pondhongan
Rama kakung
tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten
menika rama kakung saged mbopong putrinipun ingkang pungkasan.
Tanem Rikma
Kawuryan
Bapak Ibu Suharso sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten ing pundi dumununging
papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka hananem
rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa.
Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika,
Goteking
kandha, ujaring bakul sinambe wara, bilih papan ingkang minangka sasana
paneming rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun
palakrama temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga
mandhireng pribadi, mpan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang
garwa.
Pepisahan
mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wardaya. Nalika raos
kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani papan
ingkang kangge nanem rikmane calon penganten, satemah raos kapang saged ical
musna, anane mung rasa suka lan bombong mring uripe putrane.
Pecok
Tumpeng
Paripurna
Bapak Ibu Suharso metak rikma ingkang putra, daya daya tumuju wonten pundi
dumuning papan amangkas tumpeng. Para kadang kula saking paket pengantin sampun
sawega hanyawisaken. Nalika samana Bapak Ibu Suharso sampun sumandhing ing
tumpeng. Sarwa sarwi kebak ing pangati-ati Bapak Suharso mangkas tumpeng,
tumuli kaparingaken dhumateng garwa nenggih ibu V. Sampun katampi pucuking
tumpeng, gandheng renteng renteng Bapak Ibu Suharso tumuju wonten panti busana,
nenggih panti risang calon pinanganten putri kang nembe sinumbaga mring juru
sumbaga.
Pangkasaning
tumpeng minangka sarana dulang pungkasan. Mratandhani kalamun Bapak ibu Suharso
paring wasiat dhumateng ingkang putri supados tansah bekti mring Pangeran,
datan supen mring jatining panembah, tansah mudhi dhawuhipun Gusti, sarta
nyingkiri ing pepacuhipun.
Dulang
Pungkasan
Sade Dhawet
Kawuryan
Bpk/Ibu Suharso sampun miyos saking panti. Ibu Suharso ngindhit wakul minangka
wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak Suharso
ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi
wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih
ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Rame
anggenaira antri samya mundhut dhawet, dadya pratandha kalamun ing dinten
benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi
mirah, hanggenira Ibu Suharso sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila
samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten
ingkang kuciwa ing rasa, snmya suka ing nala.
Kajawi
punika, sdayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu Suharso suka dene mring
sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring
Gusti kang Maha Kuwasa.
Panutup
Makaten napa
ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula
ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng
rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan
para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Suharso.
Para rawuh
para lenggah,
Dening kula
nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu
kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong
lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi
panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.
No comments:
Post a Comment